Siluman
Dening : Turiyo Ragilputra
Ana bantheng siluman
Dioyak-oyak macan siluman
Kepethuk gajah siluman
Kesasar ing papan pesta
Lungguh bebarengan : andrawina!
Ana siluman bantheng
Dioyak-oyak siluman macan
Kepethuk siluman gajah
Keblasuk ing alas siluman
Guyup rukun adum bontotan!
Akeh siluman
Gentayangan ing sadhengah papan
Jejogedan sandhuwure panggung jaman!
Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar