Jumat, 28 November 2014

Banyu

Gunungpati, 26 September 2014

Banyu
Dening : Siti Wahidah

Nalika kowe metu
Kabeh padha ngguyu
Nanging yen ora metu
Kabeh padha mecucu
Oh banyu,,,
Sapa ta sakbenere awakmu
Yen lagi ana ora digugu
Nanging, yen ora ana padha nggoleki awakmu
Saiki manungsa padha ngrasakake kurangen banyu
Amarga ora padha nggatekna awakmu
Apa maneh yen ana kuliyah jam pitu
Kabeh padha grusa-grusu rebutan banyu
Mula ayo padha sinau
Kepriye carane ngirit banyu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar