NELANGSA
“Wis
minggata saiki, kana minggat!!!”
“Kowe
ngono saiki mas? endi janjimu rikala kowe nglamar aku mbiyen? Endi?”, swarane
ibu serak amarga karo nangis.
Jebereetttttt!!!
Swara lawang dijebretake keprungu nganti njaba omah. Kabeh tangga teparo wis
ora padha gumun nalika krungu bapak karo
ibuku padu ngono kuwi. Aku lan adhiku ya
amung bisa ana ing jero kamar ngrungokake reributan kuwi karo nangis.
“Kenangapa wong tuaku kok kaya ngono? Apa dheweke ora padha mikir, anak-anake
iki wis gedhe-gedhe, nanging yo tetep wae wong loro kuwi padu enggal dina”, pambatine
Dewi karo neteske eluh ing pipine.
Awit
padu-padu wingi kuwi ibuku crita marang
aku, menawi ibu arep mrantau marang kota. Mbuh menyang ndi mengko parane, sing
penting awake oncat saka omah. Lan bisa ninggalake bapak sing kelakuwane
sansaya dina sansaya ora genah.
“Ndhuk,
ibu sakjane ora kepengin kowe ngrasakake kahanan kaya mangkene, nangin yo piye
maneh. Ibu wis ora kuwat ana ngomah, ibu wis ora kuwat ngladeni polahe bapakmu
ana ing omah. Yen ibu mrantau sesuk, kowe ing omah kudu priyatin ya nduk, kowe kudu bisa ngurus adhimu”
Kanthi
rasa sesek ing ati, Dewi mangsuli pitakone ibu, “Bu, menawi saged, ibu ampun
mrantau-mrantau kados ngaten bu, Dewi ora kepengin adoh saka ibu.”
“Tapi
ndhuk, tekade ibu wis kuwat. Sesuk esuk ibu arep mangkat saka omah”, wangsulane
ibu, karo oncat saka panggonan mlebu menyang
kamar.
Dewi
amung bisa meneng ngrungokake wangsulane ibu sing kaya kuwe. Dheweke ngrasa
nelangsa banget amarga dheweke durung siyap yen bakal ngurusi omah lan adhine
nalika ibu ora ana. Nanging ya kepiye maneh, dheweke namung bocah, ora bisa apa-apa
sakliyane manut.
Esuk
uput-uput nalika Dewi tangi, ibune wis
ora ana ing kamar peturonane. Digolekki ana ing dapur, lan kamar mandi uga ora
ana. Dheweke nganggit yen ibune wis budal saka omah. Dewi ya amung bisa nrima
kahanan mangkana kuwi. Dheweke langsung wae cepet-cepet masak sega ing magicom,
terus sawise nyolokke magicom, dheweke langsung nyang kamar mandi arep
umbah-umbah klambi.
Sakrampunge
resik-resik omah Dewi langsung nyiyapake sarapan kanggo adhine sing lagi sekolah ing Sekolah Dasar lan kanggo bapake.
Bubar kuwi dheweke langsung mangkat sekolah. Saben dinane dheweke mangkat
nggunakake sepedha ontel. Kurang luwih ana limalas menit yen ngepit saka omah
tekan sekolahan.
Awit
kuwi Dewi ngrasa awakke kesel banget
amarga sakliyane dheweke ngurusi tugas-tugas sekolah dheweke uga ngurusi pagaweyan
omah barang. Ora krasa Dewi wis arep Ujian Akhir Semester. Dewi sinau yen
pagaweyan omah wis padha rampung, nanging saben-saben lagi sinau bapakke mesthi
prentah ngenani perkara sing ora penting. Sing sakjane bisa ditindakake dhewe
nanging dheweke ora gelem nglakoni. Gelem ora gelem dheweke ya kudu gelem
nglakoni, rumangsa dheweke esih ngakoni wong sing prentah kuwi bapake. Sanajan
bapakke kuwi wis sering nglarani atine ibune, nanging dheweke esih duwe sih
pangabekti marang bapakke kuwi. Biyasane nek wis kadung ngurusi pegaweyan omah,
Dewi malah kadhang klalen arep nggarapi tugas sekolah.
Dina pertama UAS Dewi ora konsen nggarapi soal-soal
ing kertas sing ana ing ngarepe. Dheweke asal nggarap, sakbisa-bisane lan
sekelingane wae dheweke ngisi soal-soal nganti rampung. Sakbubare UAS dheweke
kudu langsung bali marang omah, amarga dheweke kudu masak kanggo mengko sore.
Sakdurunge tekan omah, dheweke nyempetke mampir pasar kanggo tuku keperluwan
dapur. Sakwise ing omah Dewi langsung ganti klambi lan terus masak. Yen adhine
ora dolan, biyasane uga ngrewangi sakbisane.
Sore kuwi Dewi weruh bapak lagi lungguhan ana ing
ruwang tamu. Dewi nyedakki karo takon, “Pak, njenengan kok sajake santé-sante
ngono to pak ibu ora ana. Apa bapak seneng yen ibu ora ana ing omah?”
“Ya ora ngono ndhuk, sakjane bapak ya kepengin
nggoleki ibumu lan ngajak ibumu balik maneh marang omah, nanging kepiye maneh,
bapak orang ngerti menyang ngendi parane ibumu”, wangsulane bapak karo nyebul
udud.
“Ya usaha takon marang sapa ngono pak, mbok menawa
kancane ibu ana sing ngerti ibu kuwi lunga marang ngendi”, jawabane Dewi mrentah.
“Ya gampang ngesuk tak golekane”, wangsulane santé.
Dewi sing krungu wangsulane bapakke kuwi, ya rada ayem
tur rada kuwatir. Amarga bapak njawab kaya kuwi kaya ora duwe niyatan blas
kanggo nggoleki ibu. Dewi ya amung bisa ndonga muga-muga bapakke tenanan duweni
kekarepan kanggo nggoleki ibu. Sansaya suwe, wayah sansaya surup. Adzan maghrib
ya wis dikumandhangake saka mesjid-mesjid sing ana ing sekitare. Krungu swara
adzan Dewi langsung menyat arep sholat lan ngajak bapakke.
“Ayo pak
sholata sek”
“Iya”, wangsulane bapak karo tetep nyebul udud ana ing
ruwang tamu kuwi. Ora oncat babar blas.
Wengine kahanan wis mulai adem, Dewi karo adhine sinau
bareng ana ing kamar. Dewi takon marang adhine,
“Dhik, kepiye sekolahmu?”
“Ora kepiye-piye mbak, biyasa wae” jawabe adhine
datar.
“Loh, kok ngono, apa ora ana sing gawe atimu seneng
utawa sedih? Apa ora ana tugas saka gurumu?” pitakonane saya ndredel.
“Ya ana to mbak, jenenge wong sekolah ya mesthi wae
duwe tugas-tugas”
“Lah kuwi ana tugas, tugas apa wae to? Wis digarapi apa durung?”
“Wis digarap mbak, wingi sinau kelompok karo
kanca-kancaku”, jawabane adhine karo nggarapi soal-soal sing ana ing buku LKS.
“Ya wis nek
ngono, sing semangat anggonmu sinau ya dhik, aja nganti gawe kuciwaning wong
tuwa. Kowe kudu bisa ngangkat drajate wong tuwane dhewe. Sanajan kahanane kaya
mangkene”, jawabane Dewi karo ngelus rambute adhine.
Wengi kuwi sidane adhine Dewi takon-takon akeh marang
dheweke, kenangapa ibu ora bali-bali ngomah lan pitakonan-pitakonan liyane sing
kadhang mbutuhake jawaban sing bisa dimangerteni dening adhine kuwi. Sansaya
suwe hawane sansaya adem, Dewi karo adhine ngrampungi sinaune, terus padha
turu.
Esuk-esuk jago padha kluruk, Dewi ngelilir krungu
swara jago padha saut-sautan kuwi. Kaya padatan biyasane, dheweke nandangi
pagaweyan omah nganti tekan jam enem. Sak rampunge kuwi Dewi mangkat marang
sekolah. Nanging ora kaya biyasane dene adhine njaluk dijujugke anggone mangkat
sekolah. Jare dikongkong bu guru mangkate luwih gasik.
“Mbak, esuk iki aku njaluk dijujugke ya”
“Lah kenangapa to dhik, kadingaren. Biyasane kowe
mangkate ya mlaku”
“Kabeh siswa dikongkon bu guru mangkate sing luwih
gasik mbak, sabab arep ana lomba kebersihn kelas”, jelase adhine.
“Ya wis, ayo ndang mangkat. Kowe wis sarapan to?”
“Uwis mbak. Ayo!”, jawabane adhine karo nylingkrik ana
boncengan pit.
Kakang adhik kuwi boncengan ngliwati sawah-sawah sing
katon ijo royo-royo, amarga tembe wae ditanduri wit pari. Angin esuk sing seger uga
nambah gawe tentreming atine Dewi. Dheweke ngrasa ana panguripan sing
mlebu ing dadane. Mula ora nggumunake yen esuk kuwi awakke krasa enteng kanggo
ngontel sepedhane.
Sakwise njujugke adhine, Dewi langsung mangkat marang
sekolahane dheweke. Anggone ngontel sepedhah dheweke sengaja dialon-alonke ,supayane
bisa nikmati segere swasana ing esuk
kuwi, mumpung esih sepi lan durung ana polusi saka kendaraan-kendaraan umum. Ing
sakdawane dalan nuju marang sekolahan,
Dewi amung bisa mbayangake kahanan-kahanan sing endah-endah ngenani
kaluwargane. Dheweke kepengin kaluwargane bisa mbalek wutuh maning. Ora ana
prekara kang ndadekake pecahing rumah tanggane wong tuwane. Ora ana acara
minggat-minggatan lan ora ana prekara sing ala-ala nimpa kaluwargane. Sing ana
ing pikirane Dewi wektu kuwi amung kasenengan, katentreman, lan keharmonisan
kaluwargane. Nanging dheweke sadar kuwi amung khayalan, sing durung karuan ana
nyatane. Ora krasa wektu sansaya panas, nalika dheweke ndeleng jam tangane.
Dheweke kaget, wektune mlebu kelas kari limang menit maneh. Dheweke langsung
ngebut kaya Valentino Rossi. Ngebut sak kebut-kebute sing penting dheweke ora
telat. (Cuthel)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar