Kebumen Sawijine Awan
Dening : Turiyo Ragilputra
Kebumen sawijine awan
ginubel kebul kukus wedang jahe
gandane sumebar saambane laladan kutha
gawe gerah tukang parkir partikelir
lan pegawe negri sing durung wancine bubar
wis gemridig nggendring bali
…”Ah, iki sekadar mangayubagya tekane angin reformasi
sawise telung puluh loro taun gulu lan sikil ditaleni,” aloke Poni
Si
guru SD anggota Korpri
“Sekali
tempo kita bebas!” surake Jeki
sing
mider dalan ngumpulake tandha tangan
jare kanggo
dhasar mbubarake grombolane pahlawan karainan
Kebumen sawijinie awan
ora liya potret jaman sing stress
bebedan
sarung nanging menganggo dhasi
macak
cara santri nanging karemane daging babi
“Oho, iku romantika millennium telu
biyen lan saiki endi bedane perkara kolusi
saya mrajak trubuse winih-winih korupsi,”
komentare
mantan pejabat DPU
arepa
wis tuwa nanging bojone isih enom lan ayu
Kebumen sawijine awan
getih muncrat saka jantunge kutha
swara alok pating braok
pating ceblung swarane kodhok
theot
thet theot theblung
thuet
thot thuet theblung
bareng
kuwasa watake adigung
ora
kelingan biyen sarapane sega jagung
Kebumen sawijine awan
ora liya tontonan sirkus ing panggung jaman!
Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar