Gurit Bocah Pinggir Kali
Dening : Turiyo Ragilputra
wis kokcipta kraton emas nganggo pang-pang garing
perangan mbaka perangan sinusun banget antic
coba delengen, endi sing kurang sampurna
kandhamu marang angin,
kori modhel plengkung mesjid demak
cakrik sinuwun kraton pajang dhuwure
o, dhuwure samencrit menara kudus
banjur kowe ngentha pepajangan mawi reroncen kembang
kandhamu kanggo mahargya praptane putrid ayu
sapa ngerti kober ningali salembar esem kenangan
kanggo pawitan ndhedher winih
saplinthi rasa warisane jaka tarub
Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar