Langgam
Lintang Abyor
Dening : Turiyo Ragilputra
Lintang abyor ing langit-Mu
Konang abyor
ing jiwaku
Togna pothahku, nalika angin ngumandhangake langgam
Swarane kumampul sandhuwure segara wedhi
Lintang abyor ing langitku
Wahyu mopyor ing kursi-Mu
Aku kendhang turut iline banyu
Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar