Selasa, 23 Desember 2014

Langgam Segara


Langgam Segara
Dening : Turiyo Ragilputra

Wis daklaras kabeh tembang alum
Nggerongi iwak-iwak lelangen
Antarane ganggeng lan lumut
Ngelingake nalika angenku-angenmu pagut
Pinagut
Kabeh isih panggah kaya wingi uni
Kaya wingi uni
Sepasang mliwis ngrakit gurit nostalgia
Pancen, sapa bisa nelukake angen-angen
Sing oyak-oyakan ing pesisir, ing petamanan?

Mung kari kapan sliramu saguh ngemudheni
Baita ciptaku sing labuh ing dermagane ati


Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar