Carane nggawe klepon
Bahan-bahane
Glepung ketan 100 gram
Pasta pandan 1 sendok teh
Banyu kapur sirih 1 sendok teh
Uyah secukupe
Banyu 100 ml
Gula jawa 75 gram
Klapa parut 75 gram
Carane nggawe :
1.
Siyapke gula
jawa lan klapa parut ingkang diwenehi uyah sakcukupe lajeng di dang. Siyapke
uga panci ingkang diwenehi banyu kangge nggodhog adonane.
2.
Uleni glepung ketan, banyu, pasta pandan, banyu
kapur sirih lan uyah ngantos adonane kalis lan kecampur rata.
3.
Lajeng mundhut
secuil adonan kangge di gepengi lan diisi gula jawa sakcukupe, aja nganti
kakehan supaya boten pecah.
4.
Blondhoni adonan
mau kanthi bentuk ingkang sae, supaya nalika di cemplungke banyu boten pecah.
5.
Cemplungke ing banyu umeb sing wis disiyapke ing panci
mau, ditunggoni nganti kemambang.
6.
Sakwise
kemambang, lajeng dipundhut lan dilebokke ing klapa parut mau kanthi rata.
7.
Lajeng
disiyapaken kangge di dhahar sesarengan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar