Kamis, 08 Januari 2015

Carane nggawe Lapis


Carane nggawe Lapis

Bahan-bahane :
1.      Glepung Beras                        300 gram
2.      Gula Pasir                                310 gram
3.      Glepung Sagu                         100 gram
4.      Uyah                                       secukupe
5.      Godhong Pandhan wangi       3 lembar
6.      Santen                                                 1,5 liter
7.      Teres/Pewarna panganan         secukupe

Langkah-langkahe
1.      Siyagakaken panci sing rodo gedhe. Panaske ing geni cilik. Leboke santen, godhong pandhan lan uyah. Di udhek alon-alon kanthi umeb nanging santene aja nganti pecah.
2.      Sayagakake wadhah sing rodo gedhe maneh, kanggo madhahi glepung beras, glepung sagu, lan gula pasir. Lajeng dicampur kanthi rata.
3.      Leboke sethithik mbaka sethitik santen sing wis mateng mau marang wadhah sing kepindho.
4.      Bagi adhonan sing wis dicampur mau dadi pirang wadhah, lajeng diwenehi pewarnane/teres.
5.      Panaske kukusan neng nduwur geni cilik.
6.      Leboke adhonan lan ditengga 11 menit nganti setengah mateng, lajeng diwenehi adhonan sing warna liya maneh. Proses iki dibolan-baleni kanthi rampung.
7.      Tunggoni nganti 20 menit utawane ditiliki karo biting cilik kanggo mastekake wis mateng apa durung.
8.      Sawise mateng, Lapis siyaga di dhahar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar