Sabtu, 10 Januari 2015

Joko


Joko
            Jago kluruk nandhakake yen wayahe sampun fajar. Joko sing lagi ngimpi apik langsung wae tangi saka paturon. Dheweke langsung nyang sumur kanggo wudhu. Nalika ing dhapur Joko weruh ibune wis nggorengi tempe, gedhang lan tahu kanggo didol mengko esuk. Sak rampunge sholat, Joko langsung ngewangi ibune madahi gorengan ana ing tampah. Sak liyane kuwi Joko langsung nyapu jogan lan isah-isah piring. Pancen sakbanjure ditinggal bapake, panguripan keluwargane Joko iki rada abot amarga ora ana sing nggolet dhuwit. Nanging dhasare Joko bocah manut, dheweke ora tau protes marang ibune. Dheweke iki nrimakake yen uripe sarwa kekurangan. Kadangkala uga Joko diundhang guru sekolahe, amarga ora nglunasi iyuran pembangunan.
            “Joko, kae adhi-adhimu gugahen, dikon adus! Wis awan iki”, panjaluke ibune marang Joko, sing dadi pambarep anak-anake.
            “Nggih bu”, wangsulane Joko sinambi mlebu kamare adhine.
            “Dhik tangi! Tangi! Wis awan iki”, panggugahe Joko marang adhine.
Adhine mung ngulet digugah Joko. Sidane Joko jupuk banyu kanggo ngraupi adhine kuwi. Sawise dirupi, adhi-adhine padha melek. “Walah, mas Joko iki lho saru, aku esih ngantuk mas”, panggrutune Wulan, adhine persis.
            “Lha wis awan iki dhik. Sekolah apa ora kowe?” pitakone Joko.
            “Ya sekolah tho”,wangsulane Wulan karo mlaku nyang kamar mandi.
Adhine sing siji wis menyat, saiki Joko kari nggugah adhine sing cilik dhewe. Jenenge Sekar, dheweke esih sekolah kelas TK.
            “Hayo… iki kari sing siji. Adhik gendhut, ndang tangi ngko mundak ana memedi sing nggondhol kowe nek ora tangi-tangi”, pangglewehe Joko marang Sekar.
Krungu kaya mangkono Sekar langsung melek karo ngrangkul kangmase. “Hah!!! Endi mas? Endi ana medi?” pitakone Sekar ngrasa wedi. Pancen adhine Joko sing cilik dhewe iki kecing banget. Apa maneh nek diwedeni karo babagan sing ambune lelembut kuwi. Sinambi nggered kangmase, Sekar ngomong “Ayo mas terke nyang kamar mandi”.  Joko sing ditanting mung mesem lan nuruti karepe adhine.
***
            Jam enem esuk Joko lan adhi-adhine wis siyap mangkat sekolah. Ibune sing meh budhal adol gorengan nyangoni anak-anake sik. “Iki le sangumu lan adhi-adhimu, tapi atusan receh ya”, pangendikane ibu marang Joko.
            “Ora apa-apa bu, receh ngene ki ya padha wae dhuwit”, wangsulane Joko nampani dhuwite.
            “Ya le, iku baginen karo adhi-adhimu”, panjaluke Bu Dar sinambi mangkat adol gorengan.
            Sawise disangoni, Joko lan adhi-adine mangkat sekolah. Nanging sadurunge mangkat cah tetelu kuwi salaman njaluk donga restu marang ibune sik. Amarga Sekar esih TK, mula dheweke dianterke Joko.
***
            “Gorengan… gorengan… gorengan”, bengoke Bu Darmi nawakake gorengane.
            “Kene bu, aku tuku”, swarane ibu-ibu sing wis biyasa nukoni gorengan.
            Ngerti diundang ngono, Bu Dar langsung marani marang ibu-ibu kuwi mau. “Iya bu, sekedhap nggih”, jawabe bu Dar. Sawise ana ing pangggonan, dheweke langsung  ngedoli ibu-ibu sing mau.
            “Tuku pira bu?”
            “Tuku limangewu ya”, jawabane Bu Minem.
            “Aku tuku telungewu wae bu”, panjaluke Bu Sum.
            Ibu-ibu sing ana ing kono njaluk didoli dhisik, kabeh-kabeh njaluk sing pertama. Kahanan kaya ngono kuwi kadangkala gawe Bu Dar ngrasa bingung arep ngedoli sapa dhisik.
            “Oh, nggih… nggih…” jawabane Bu Dar ngrasa kuwalahan.
Sinambi ngedoli, ibu-ibu ing kono pancen padha ngakoni yen gorengane dheweke iku mak nyusss!!! Uenak tenan!
            “Bu Dar, sampeyan iki merguru marang sapa tho? Kok isa gorengane enak ngene iki”, pitakone bu Sum.
            “Ora merguru, aku diwarahi simbah buyutku biyen bu”, wangsulane karo mesem.
            “Oh, ngono tho? Wong jaman biyen pancen yen gawe resep iki pinter tenan kok”, pangaleme ibu-ibu sing ana ing kono.
            “Pancen kaya mangkono kuwi bu, wong jaman biyen iki pinter gawe resep sing enak. Apa meneh biyen kan durung ana barang-barangg instan kaya saiki dadine pinter nggawe bumbon-bumbon kaya kuwi”, wangsulane Bu Dar karo ngawehke gorengan sing wis dibungkus.
            “Iya, pancen bener kuwi. Ya wis bu, matur nuwun, kae anaku  selak ngenteni, aku langsung bali wae” panjaluke Bu Minem.
            Sawise padha keduman gorengan kabeh, ibu-ibu padha bali nyang omahe dhewe-dhewe. Bu Dar ngrasa seneng amarga nembe setengah puteran gorengane wis entek. Deweke langsung bali nyang omah. Anggone mlaku dheweke mbanterake jangkahe supaya ndang gutul omah lan isa njemput Sekar.
***
            Tekan omah Bu Dar langsung mberesi klambi-klambi. Sing padha katon semrawut langsung digawa nyang kamar mandi kanggo dikumbahi. Dumadakan Sekar katon megap-megap banget lan katon kamigilan. Bu Dar kaget, amarga durung wayahe anake bali, kok wis bali.
“Kowe kenangapa nduk?” pitakone ibune penasaran.
“Iku lho bu, mau ana ing dalan ana guguk mburu-mburu kucing. Sekar wedi bu”, wangsulane Sekar karo ngusrek marang ibune.
“Iya, Iya, wis ora apa-apa. Guguke wis ora ana. Aja wedi ya, Sekar kan pinter” wangsulane Bu Dar karo ngeneng-ngenengi anake sing cilik dhewe. “Iki Sekar kok bali cepet?”
“Iku bu, wau bu guru ngendika jare arep rapat wonten kecamatan. Mula bali gasik bu. Horeee!!” wangsulane Sekar mandan kelalen karo kedadeyan sing tembe wae dialami.
Sinambi ngrungokake critane anake kuwi, Bu Dar nyiyapake klambi kanggo ganti sekar. Sawise diganteni Sekar nonton TV.
***
Kira-kira jam siji Joko balik sekolah. Dheweke katon kesel banget amarga nyepedhah saka sekolahan nyang omah sing jarake watara 5 km. Sawise ganti klambi dheweke sholat dhuhur lan mangan awan. Sarampunge mangan dheweke nemoni ibune. Arep ngandharake pesene bu guru mau nalika ing sekolahan. Dheweke ngrasa melas marang ibune, amarga dheweke wis ngerti kahanane keluwargane. Kanti rasa ewuh dheweke cumanthoko ngomong marang ibune sing lagi ana ing ruwang tamu.
“Bu, badhe matur”, omongane Joko lirih.
“Piye le? Arep ngomong apa?” jawabane bu Dar penasaran.
“Iki bu, wau siyang teng sekolahan kula ditimbali bu guru. Kula ditakoni kapan badhe bayar arta pembangunan”, panjelasane Joko katon maras.
“Iya le, ibu uga mikirake kuwi. Nanging piye maneh, ibu saiki durung duwe dhuwit. Ya coba sesuk ibu nyilehke dhuwit marang pak lik mu ya. Bayar terakhir kapan le?” Ibu mangsuli karo njanjeni bakal nggolekake dhuwit kanggo Joko.
“Sesuk dinten setu bu” jawabane Joko.
“Ya wis, saiki kowe istirahat kana. Kowe katon kesel banget,” panjaluke ibu Dar marang Joko.
            Joko manut karo pangendikane ibune. Sanajan ibune wis njanjeni kaya kuwi, Joko tetep durung lega. Dheweke mapan turu karo ati sedhih. Sadurunge turu dheweke mbayangna yen dheweke iki wis sukses mbesuk. Bakalan mulyakake ibune, nyekolahke adhi-adhine tanpa ngalami prekara ing masalah ekonomi. Pokoke mbesuk dheweke kudu dadi wong sing migunani lan kudu nggawe uripe wong tuwane mulya, ora rekasa kaya saiki. Nanging dheweke saiki amung bisa mbayangake thok. Sinambi merem ra krasa dheweke neteske eluh ing dhuwur bantal. (Cuthel)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar