Hikayat
Dening : Turiyo Ragilputra
Sawijine wanita
Ayu
Lungguh ing ngarep cendhela
Ngantu-antu tekane angin
Tekane mega
Sawijine wanita
Lungguh ngadhep alun
Klawan mina
Nyawisake esem kanggo tekane baita
Sawijine wanita
Lungguh timpuh angidhupuh
Saka netrane mbrubul maneka crita
Sawijine wanita
Nantang kridhane turangga
Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar