Selasa, 30 Desember 2014

Labaika Ya Al-jannah


Labaika Ya Al-jannah
Dening : Turiyo Ragilputra

: Palestina
Ngadega kanthi ati pedhang ligan
Ing tengah ara-ara jihad Rasulullah
Sinambi ngangen-angen ruh mesat menyang gegana
Ngunggahi tlundhakan andha langit
Papan istirah para suhada
Anggunggung puja saleka donga

Iki dalanmu
Segara wedhi papan trubuse kudhup-kudhup kembang
Swarga kang ginawa angin mangsa labuh
Ginabereg langgam rebana para malaikat
Sedya usung puji marang luntak lidiramu
--- sawangi sari kasturi
Ing bumi sing terus mengangah
(sauntara bocah-bovcah lola maca guritan sinambi nangis
“wong-wong sing merjaya domba
Agegaman trisula ora bakal senng marang sliramu
Nganti sliramu rila nuncup dlamakane!”)

O, para mujahid kekasih Allah
Ungalna dhadha nampa tekane cahya
Keyakinan tumrap bebener sing bakal tumeka
Titimangsa sirnane asu ajag lan macan edan
Binuncang angin ayat sektine jaman


Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar