Rabu, 31 Desember 2014

Layange Rama marang Shinta



Layange Rama marang Shinta
Dening : Turiyo Ragilputra

dakjaluk kangenmu shinta
karana sabubare brubuh alengka
para emban gupuh nambut silaning akrama
sauntara sliramu tansah lelewa ing antarane mega-mega

wis dakpecaki dawane pesisir shinta
lan terus angon menyang endi prau ngumbara
awit layar panggah kumibar kasentor angin wengi
kumembenge eluh ngekesake langgam gupitasari
dakjaluk kangenmu shinta
ayo kita langen ing taman ayodya



Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar