Rabu, 31 Desember 2014

Lotre



Lotre 

Dening : Turiyo Ragilputra
 

Urip iki lotre, ora ngerti pira angkane
Ora ngerti bebungah sing dumunung ing njerone

Urip iki lotre, mitraku
Ake sethithike udhu
Dadi lantaraan adoh cedhake wahyu
(nanging urip ora dumunung ing sampiran
Ora gumantung kaya bangsane kemladheyan)

Lotrening urip
Jinangka ing lakone jaka sangkrib.

Sungkem
Sungkem aku-ing andhap pada-Mu
Ya Sang ratu, Sang Pangwasa Pasholatan Agung
Paran jiwa tumelung
Paran pamusthi khajat landhepe dhuwung
Ya, sanubari
sanubari
sanubari
:
Gusti

Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar