Aku
Pengin
Dening
: Turiyo Ragilputra
Aku pengin suluk nanging dudu dhalange
Aku pengin tembang nanging dudu sindhene
Aku pengin g
endhing nanging dudu niyagane
Aku pengin blencong nanging dudu genine
Aku pengin dhuwur naging dudu panggunge
Dhalang, aku pengin pangrengkuhe marang wayang
Sindhen, aku pengin pangrengkuhe maramng gendhing
Niyaga, aku pengin pangrengkuhe marang gerong
Wayang, aku pengin pangrengkuhe marang lakon
Blencong, aku pangrengkuhe marang wengi
Panggung, aku pengin pangrengkuhe marang jaman!
Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar