Rabu, 31 Desember 2014

Tembang Ninabobo



Tembang Ninabobo

Dening : Turiyo Ragilputra


Yun mbambun
Gedhang kapok gedhang ijo
Wong mondhok duwe bojo
            Bojone moblong-mpblong
Turu dhewe digondol uwong
Yun mbambun
Gedhang ambon gedhang kusta
Sapa kae maling aguna
            Mbedhah pager methik kembang
Mlebu metu liwate lawang
Yun mbambun
Gedhang raja gedhang emas
Ayo melu aku nimas
            Ora bakal tiba ing jurang curi
            Tiba ing tilam sari

Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar