Sabtu, 06 Desember 2014

PUPUH IV SERAT WEDHATAMA

PUPUH IV
G  A  M  B  U  H

01
Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.

02
Sembah raga puniku,  pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang
wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.

03
Inguni-uni durung,  sinarawung wulang kang sinerung,  lagi iki bangsa kas ngetok-ken
anggit, mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.

04
Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon
wong kang padha nggugu, anggere guru nyalemong.

05
Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon.

06
Yen ta jaman rumuhun,  tata titi tumrah tumaruntun,  bangsa srengat tan winor lan laku
batin, dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.

07
Lire sarengat iku,  kena uga ingaranan laku,  dihin ajeg kapindhone ataberi,  pakolehe
putraningsun, nyenyeger badan mwih kaot.

08
Wong seger badanipun,  otot daging kulit balung sungsum,  tumrah ing rah memarah
antenging ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.

09
Mangkono mungguh ingsun,  ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming
dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.

10
Nanging ta paksa tutur,  rehning tuwa tuwase mung catur,  bok lumuntur lantaraning reh
utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.

11
Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati,
patitis tetesing kawruh, meruhi marang kang momong.

12
Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati,
atetetp talaten atul, tuladhan marang waspaos.

13
Mring jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu,  lamun lugu leguting reh maligi,
lageane tumalawung, wenganing alam kinaot.

14
Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling,
 Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.

15
Gagare ngunggar kayun,  tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit
nora dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.

16
Samengko kang tinutur,  sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen
sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.

17
Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.

18
Ruktine ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad
cilik,  Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono. 

19
Keleme mawa limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine
yen tan emut, sayekti tan bisa awor.

20
Pamete saka luyut,  sarwa sareh saliring panganyut,  lamun yitna kayitnan kang mitayani,
tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.

21
Nging aywa salah surup,  kono ana sajatining Urub,  yeku urup pangarep uriping Budi,
sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton.

22
Yeku wenganing kalbu,  kabukane kang wengku winengku,  wewengkone wis kawengku
neng sireki, nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.

23
Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing
dumadi, dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos. 

24
Kalamun durung lugu,  aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki,
kena uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.


25
Meloke ujar iku,  yen wus ilang sumelang ing kalbu,  amung kandel  kumandel ngandel
mring takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.

26
Pamoring ujar iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila
ambeh sadu, weruh wekasing dumados.

27
Sabarang tindak-tanduk,  tumindake lan sakadaripun,  den ngaksama kasisipaning sesami,
sumimpanga ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon.

28
Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah
agaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.

29
Rasaning urip iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam
sakalir, lir manis kalawan madu, endi arane ing kono.

30
Endi manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang
Maha Suci, kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.

31
Ing batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang
Widi, widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.

32
Nggonira mrih tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing
gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.

33
Putih lan kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair,
bisa aliru wujud, kadadeyane ing kono.

34
Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi,
raksana kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon.

35
Karana yen kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi
wong ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar