Sabtu, 06 Desember 2014

PUPUH V SERAT WEDHATAMA

PUPUH V
K I N A N T H I

01
Mangka kantining tumuwuh,  salami mung awas eling,  eling lukitaning alam,  wedi
weryaning dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip. 

02
Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati,  rina wengi den anedya, pandak-panduking
pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

03
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis-
mingis, pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.

04
Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal,  kang atunggil
rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.

05
Aywa sembrana ing kalbu,  wawasen wuwus sireki,  ing kono yekti karasa,  dudu ucape
pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.

06
Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka
satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.

07
Aywa mamatuh malutuh,  tanpa tuwas tanpa kasil,  kasalibuk ing srabeda,  marma dipun
ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling.

08
Upamane wong lumaku,  marga gawat den liwati,  lamun kurang ing pangarah,  sayekti
karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.

09
Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani
ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.

10
Meloke yen arsa muluk,  muluk ujare lir wali,  wola-wali nora nyata,  anggepe pandhita
luwih,  kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise
gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.

12
Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora
jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.

13
Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining
utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.

14
Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala
angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.

15
Yeku ilapating wahyu,  yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha,  saking heb
kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.

16
Mangkono ingkang tinamtu,  tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki
ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.

17
Pantes tinulad tinurut,  laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa
dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.

18
Ananging ta kudu-kudu,  sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan,  lamun tan mangkono
kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki. 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar