Tembang
Ninabobo
Dening
: Turiyo Ragilputra
Yun mbambun
Gedhang kapok gedhang ijo
Wong mondhok duwe bojo
Bojone
moblong-mpblong
Turu dhewe
digondol uwong
Yun mbambun
Gedhang ambon gedhang kusta
Sapa kae maling aguna
Mbedhah
pager methik kembang
Mlebu metu
liwate lawang
Yun mbambun
Gedhang raja gedhang emas
Ayo melu aku nimas
Ora
bakal tiba ing jurang curi
Tiba
ing tilam sari
Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul