PUPUH VI
DHANHANGGULA
1. Yeng mekaten kula mboten mijil, sampun eca ning ngriki kewala,
mboten wonten sengsarane, tan niyat mangan turu, mboten arip mboten
angelih, mboten rasa kangelan, tan ngeres tan linu, amung nikmat lan
munfangat, Nabi Khidir lingira iku tan keni, yen nora lan antaka.
2. Sang saya sih mring jeng Nabi Khidir, marang kaswasih ingkang
panedha, lah iya den awas bae, mring pamurunging laku, aja ana sira
karemi, den bener den waspada, ing anggep pireku, yen wis kasikep ing
sira, aja humung den anggo parah yen anglir, yeku reh pepingitan.
3. Nora kena yen sira rasani, lan sesama samaning manungsa, yen nora
lan nugrahane, yen nana nedya padu, angrasani rerasan iki, yen teka
kalahana, ja nganti kabanjur, ja ngadekaken sarira, aywa kraket marang
wisayaning ngaurip, balik sikepan uga.
4. Kawisayan kang marang ing pati, den kahasta pamanthenging cipta,
rupa ingkang sabenere, senengker buwaneku, urip datan ana nguripi,
datan antara mangsa, iya ananipun, pan wus ana sarira, tuhu tunggal
sejene lawan sireki, tan kena pisahenna.
5. Datan weneh sangkanira uni, tunggal sapakertining buwana, pan tuhu
pamiharsane, wus ana ing sireku, pamirsane sukma sejati, iya tan klawan
karna, ing panggulanipun, iya tan kalawan netra, karnanira netranira
kang kinardi, ana anenging sira.
6. Dhohire sukma wus na sireki, bathinira kang ana ing sukma. Hiya
mangkene teterape, kadya wreksa tinutu, ananing kang kukusing geni,
sarta kalawan wreksa, lir toya lan alun, kadya minyak aneng pohan,
raganira ing reh obah lawan mosik, iya lawan Hyang Sukma.
7. Yen wruh pamore kawula Gusti, sarta sukma kang sinedya ana, den
wertani sira anggone, lir wayang sariraku, saking dhalang solahe ringgit,
mangka panggunge jagad, kelir badanipun, amolah lamun pinolah, sak
solahe kumedhep miharsa neki, tumindak lan pangucap.
8. Kang wisesa amisesa sami, datan antara pamore karsa, jer tanpa rowa
rupane, wus ana ing sireku, umpamane pahesan jati, ingkang ngilo
Hyang Sukma, wayangan puniku, kang ana sajrone kaca, iya sira jenenge
manungsa jati, rupa sajrone kaca.
9. Luwih ageng kalepasan iki, lawan jagad ageng kalepasan, kalawan
luwih lembute, salembute banyu, apan lembut kamuksan iki, liring
lembut alitnya, sa aliting tengu, pan maksih alit kamuksan liring luwih
amisesa ing sakelir, lire lembut alitnya.
10. Bisa nukma ing agal alit, kalimputan kabeh kang rumangkang,
gumremet tanpa bedane, kaluwihan satuhu, luwih iya desra nampani, tan
kena ngendelena, hing warah lan euruk, den sanget panguswanira,
badanira wasuhen nggenira ngungkin, wruha rungsite tingkah.
11. Wuruk iku pan minangka wiji, kang winuruk umpamane papan, poma
kacang lan kedhele, yen sinebar ing watu, yen watune datan pasiti,
kudanan kapanasan, yekti nora thukul, lamun sira wiceksana, ningalira
sirnakna tingalireki, dadya tingal sukmasa.
12. Rupanira swaraning ugi, ulihna marang kang duwe swara, jer sira
angaku bae, selisih kang satuhu, nanging aja sira duweni, pekareman
kang liyan, mung marang Hyang Agung, dadine angraga sukma, obah
usikira wus dadi sawiji, nywarara anggepira.
13. Yen dadiya anggepira yekti, yen nrasaha rara meksih was-was, kena
ing rengu yektine, yen wus sawiji sawujud, sakrenteging tyas sireki, apa
ingkang cinipta ana, kang sinedya rawuh, wus kawengku aneng sira,
jagad kabeh jer sira minangka yekti, gegenti den asagah.
14. Yen wus mudheng pratingkah puniki, den awingit sarta sabah-sabab,
sabab amor pangakone, nanging ngibaratipun, ing sakedhap tan kena
lali, dhohire sasabana, kawruh patang dapur, padha anggepen sedaya,
kalimane kang siji iku premati, kanggo ing kana-kana.
15. Liring mati sajroning ngahurip, iya urip sajroning pejah, urip bae
selawase, kang mati nepsu iku, badan dhohir ingkang nglakoni,
katampan badan kang nyata, pamore sawujud, pagene ngrasa matiya,
Syeh Melaya den padhang sira nampani, wahyu prapta nugraha.
16. Lir sasngka katerangan riris, praptaning wahyu apan nirmala, sumilak
ilang regede, angling malih nulya rum, Nabi Khidir manis aririh, tan ana
kang pinaran, kabeh wus kawengku, tanana ingulatana, kaprawiran
kadigjayan wus kawuri, kabeh rehing ngayuda.
17. Telas wulangnya jeng Nabi Khidir, Syeh Melaya ing tiyas keweran,
weruh ing namane dhewe, hardaning tyas pan wus muluk, tanpa elar
anjajah batin, sawengkone jagad raya, angga wus kawengku, mentes sak
matining basa, sahinggane sekar maksih kudhup lami, mangke mekar
ambabar.
18. Wuwuh lan gandanireki, wus kena kang pancaretna nulya, kinen
medal sing hargane, pan sampun medal gupuh, angulihi alame lami, Nabi
Khidir ngandika, Melaya sireku, wis tinarima Hyang Sukma, lulus saking
gandane kasturi jati, pepanasing tyas sirna.
19. Wus leksana salekering bumi, ujar sira wruh pitakonira liring wardaya
malane, den mantep panrimeku, dipun kadi ngangge sutradi, maya-
mayaka sarira, reh kang sarwa alus, sinukma masingemasan, Harja satya
sinatya manik memanik, wruh pakenak ing tingkah.
20. Dipun alus budenira iki, wernaning dyah kita eki sumekar, kasturi jati
namane, pratandha datan kerup, hing pangawikan manah deng lungit,
ngongkabana kabisan, kawruh nyawa kliru, miwah iku nata nira,
busanane kawilet tuliya sari, ya destar nyampingira.
21. Mangka pangemut katon ing nguni, mati duk aneng jro garbaning
wang, cahya kawang-kawang dheweke, kang abang kuning iku,
pamurunge laku ngadhangi, ya kang putih kang tengah, sidane pangaku,
klima iku den waspada, den kahasta sanalika ajalali, den tuhu ambekira.
22. Saking marmeng sun karya ling aling, pambengkase sum’ah
jabariyah, den esthi siyang dalune, pan kathah nggen sun weruh,
pratingkahe para maharsi, kang padha kaluputan, hing pangeguhipun,
pangucaping kawruh ira, wus abener wekansan mati adadi, kawilet ing
trap trapan.
23. Ana ingkang adadi ing peksi, amung mulih pencokan kewala, kayu
kang becik warnane, arsa aneng nagasantun, ana tanjung ana waringin,
temah ing pinggir pasar, engkuk mangkruk-mangkruk, angungkuli wong
sapasar, pindha kamukten sepele kang pinurih, kasasar ambelasar.
24. Ana ingkang anitis paraji, sugih brana miwah sugih garwa, ana kang
nitis putrane, putra kang arsa mengku, karesmene wong siji-siji, samiya
tuk kaluwihan, ing panitisipun, yen mengkuha jeneng ing wang, durung
harsa amangga-amrih pribadi, sadyaku ingaranan.
25. Tataning wada kang datan pesthi, durung jumeneng jalma utama,
ingkang mangkono anggepe, pangrasane anemu, suka sugih lan wruh
ing yekti, yen nuli nemu duka, kabanjur kalantur, sak nggone nitis
kewala, tanpa wekas kangelan tan nemu kasil, tan bisa babar pisan.
26. Yen luputa anyakra bawani, apa karemane aneng donya, ing pati
marang tibane, ing kono karemipun, nora kuat panyanggi pati, keron tan
kasamaran, milah wawor sambu, abote oleh kamulyan, nora kena toleh
maring anak rabi, sajrone wruh wekasan.
27. Yen luputa pitakone bumi, luhung sira aja dadi jalma, satogampang
pretikele, sirnane tanpa tutur, yen wis sira benering kapti, langgeng
tanpa kerana, hangga buwaneku, humeneng tan dadi sela, eningira iya
nora dadi warih, werta tanpa tuduhan.
28. Ling ning pandhita anenakapi, ingkang muksa inggih karsa nira,
anjungkung kasutapane, nyana kena den angkuh, tanpa tuduh mung tapa
neki, tan mawi puruhita, suwung nguwung-uwung, mung kaciptanira nika,
durung antuk wuruk pratikele urip, pangukuh ngaya wara.
29. Tapa nira nganti kuru aking, wus mangkana dennya mrih wekasan,
datanpa tutur sirnane, kematengan tapa wus, dene pratikel kang
ngaluwih, tapa iku minangka, reragi panemu, ngilmu kang minangka
ulam, tapa tanpa ngilmu iya nora dadi, yen ngilmu tanpa tapa.
30. Jeplang-jeplang nora wurung dadi, asli nora wedhar hing trapnya,
kacegah agung bejane, yekti ta dhadhanipun, apan akeh pandhita sandi,
wuruke sinatengah, mring shohabatipun, sobate landhep priyangga,
kang linempit winedhar raose nuli, ngaturaken gurunira.
31. Pamudhare mung grahita neki, nguni uni durung mambu warah,
saking tan eco raose, matur ing gurunipun, langkung ngungun tumut
nganggepi, sinasmaha kelawan, pandhita gung agung, wus pesthi
anggepe nyata, iku wahyu nugraha dhawuh pribadi, sobat ingaken anak.
32. Sinungga sungga agung tinari, mering guru yen wus arsa mejang, tan
tebih sanding enggone, sobat katemah ing guru, guru dadi sobating
bating, lepasing panggrahita, nanduk sarwa wahyu, yeku utama kalihnya,
guru sobat kalihe sami ngudani, satengah kang pandhita.
33. Kudu tinut sak ujare iki, dene lumakua sinembah, nengt pucuk
gunung enggone, swaranira anguwuh, angebeki pertapaneki, yen ana
wong amarak, wekase berudul, lir gong beri kang tinembang, pan
kumarampyang binuka kang tanpa isi, tuna kang puruhita.
34. Aja kaya mengkono ngahurip, dipun kadi wayang, kiuudang aneng
enggone, blincongipun, ngibarate panggungireki, damare ditya wulan,
kelir alam suwung, ingkang nengga cipta keboh bumi tetepe adege
ringgit, sinangga maring nanggap.
35. Kang ananggap aneng dalem puri, datan den usik olah sakersa,
Hyang Premana dhedhalange, wayang pengadekipun, ana ngalor ngidul
tuwin, yeku ngulon lan wetan, sliring solahipun, pinolahaken ing dhalang,
yen lumaku linakokken kabeh iki, linabehken hing dhalang.
36. Pangucape ngucapaken ugi, yen kumecap ilate, anutur-nuturake,
sakarsa karsanipun, kang anonton tinoleh sami, tinonaken ing dhalang,
kang ananggapiku, sajege mangsa weruha, tanpa rupa kang ananggap
neng jro puri, tanpa werna Hyang Sukma.
37. Hyang premana denira angringgit, ngucapaken hing sarira nira, tanpa
awas sesamane, wimbuh pan ora tumut, hing sarira upamaneki, kang
miyak munggeng pohan, geni munggeng kayu, anderpi tan katedah,
angelir pintaka ing kayu panggerit, landhesan sami wreksa.
38. Panggeriting polah dening angin, gesenging kayu kukusnya medal,
datan antara genine, geni kelawan kukus, saking kayu wijile neki, purwa
eling duk kala, mula-mulanipun, kabeh iki kang gumelar, saking ghoib
manungsa tinitah luwih apan ingaken rahsa.
39. Mulya dhewe saking kang dumadi, aja mengeng ciptanira tunggal,
Tunggal sapari bawane, isine buwaneku, nganggep siji manungsa jati,
mengku sagung kahanan, hing manungsa iku, kawisesane satunggal,
panukmane salire jagad dumadi, tekad kang wus sampurna.
40. Lahya uwis Syeh Melaya aglis, baliya marang Pulo Jawa, pan sira uga
jatine, Syeh Melaya agupuh, nembah matur angasih asih, aran kalingga
murda, amba setya tuhu, Nabi Khidir nulya sirna, Syeh Melaya katon
aneng jeladri, datan nrasa neng toya.
41. Syeh Melaya sanget pangasweki, ing pengete guru kang sampurna,
pan sanget eling elinge, hardaning tyas amengku, isining rat kajajah
batin, mantep premati basa, kaeruh tan kaliru, sinukma mas ingemasan,
lulus saking badane kasturi jati, pepanase tyas sirna.
42. Wus mangkono Syeh Melaya mulih, wus tan mengeng ing batin
gunmawang, nora pangling sarirane, panuksmaning sawujud, nanging
dhohir sasat paningit, reh sarehing satriyan, linakon winengku,
pamurwane jagad raya, pan wus ngagem batine nora anilih, lir sato lan
rimbagan.
43. Wus tanana ngahurip, dennya tampa ing guru wisiknya, tanana samar-
samare, wisiking gurunipun, wus tamat karegem aneng ati, nastiti kang
angiman, angestokken guru, sarta lan kecaping rahsa, pan dinadar ing
nala suci awening, nyata lamun nugraha.
44. Temene ingkang guru sayekti, kang wus sirna jasade tanana,
kagiwang ana nalane, wus tumrap walinipun, dene sanggya sukering ati,
padhang dunya akherat, wus resik atemu, sukci langgeng pan wus
murah, mulya suka ing sapari polah neki, pana tanpa kerana.
45. Pan wus panakacipta ning wangsit, tan asamar hing pati kacipta, wus
samar ing waragane, marga ing pati luhung, kang sinelir maring Hyang
Widi, tanana rasa rumangsa, rahsa kadi iku, sirnane tinggal punika, pan
wus sirna alanggeng sukci mulyadi, mulya kadi duk kuna.
46. Nora samar sejatine pati, kang rumekseng pejah ing sekala, tan
rumangsa hing pejahe, ingkang rusak ing nepsu, raga sukma kerta
negari, suka mulya merdika, wus tumraping kayun, jumeneng ing purba
nira, padha bersih langgeng suci wus weradin, wus wruh sirnaning
tunggal.
47. Datan samar satibane pati, kang sampurna kang sinelir ika, tanana
keksi wujude, kasampurnan puniku, pan wus karta negara singgih, anir
nakkenriku, alam pepitu wus sirna, pan wus bersih sirnane alam puniki,
tunggale ibaraha.
48. Ratuning alam pan wus kahesti, abirawa wastane punika, alam nenem
iku lire, sirna wetan puniku, lawan kulon kidul lor iki, ing luhur lawan
ngandhap, miwah kayu watu, tuwin bumi alit ika, ngawang nguwung
kumandhang ing angin warih, hya mung alam dahana.
49. Surya candra alam puniki, tiga likur alam panasaran, dene iku anyar
kabeh, pan sami qodimipun, Syeh Melaya pan nora pangling, yen iku
penasaran, kang jati pang sampun, ratuning alam sedaya, kang
nirmakken mung alam ambiyak iki, ambiyak mrik gundanya.

Kapetik saka : www.alangalangkumitir.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar