PUPUH IV
DHANDHANGGULA
1. Lamun sira munggah kaji, maring Mekah thuke ana apa, hya Mekah
pan tilas bae, Nabi Ibrahim kruhun, ingkang yasa kang ponang mesjid,
miwah tilase ka’bah, kang arupa watu, gumantung tanpa centhrlan, apa
iku kang sedya sira bekteni, dadi mangan brahala.
2. Iya kaya idhepe wong kapir, dene iya esmu ngangka-angka, trus
madhep mring brahalane, nadyan wus haji iku, yen tan weruh paraning
kaji, ka’bah pan dudu lemah, kayu watu dudu, margone tan kanggo
lunga, mring ka’bah yen arsa wruh ing ka’bah jati, jati iman hidayat.
3. Lahgita mara Syeh Melaya aglis, amanjinga guwa garbaning wang,
Syeh Melaya kaget tyase, Dadya metu gumuyu, Pan angguguk turira aris,
saking pundi marganya, kawula geng luhur, antawis mangsa sedhenga,
saking pundhi marganing gen kula manjing, dening buntet kewala.
4. Nabi Khidir angandika ris, gedhe endhi sira lawan jagad, kabeh iki sak
isine, alas samudra gunung, nora sesak ing garba mami, tan sesak
lumebewa, ing jro garba ningsun, Syeh Melaya duk miarsa, langkung
ajrih kumel sandika tur neki, ningleng ma’bitingrat.
5. Iki dalan talingan iki, Syeh Melaya manjing sigra-sigra, wus prapta jero
garbane, andalu samudra gung, tanpa tepi nglangut lumaris, liyep adoh
katingal, Nabi Khidir nguwuh, eh apa katon ing sira, dyan umatur Syeh
Melaya inggih tebih, tan wonten kang katingal.
6. Awang uwung kang kula lampahi, uwung-uwung tebih tan katingal,
ulun saparan parane, tan mulat ing lor kidul, kulon wetan datan udani,
ngandhap ing luhur ngarsa, kalawan ing pungkur, kawula mboten uninga,
langkung bingung Nabi Khidir ngandikaris, aja maras tyasira.
7. Byar katingal madhep Nabi Khidir, Syeh Melaya Jeng nabi kawang-
wang, umancur katon cahyane, nalika wruh lor kidul, wetan kilen sampun
kaheksi, nginggil miwah ing ngandhap, pan sampun kadulu, lawan
andulu baskara, eca tyase dene Jeng Nabi kaheksi, aning jagat walikan.
8. Kanjeng Nabi Khidir ngandika ris, aja lumaku andeduluwa, apa katon
ing dheweke Syeh Melaya umatur, wonten werni kawan perkawis,
katingal ing kawula, sedaya puniku, sampun datan katingalan, anamung
sekawan perkawis kaheksi, ireng bang kuning pethak.
9. Angandika Kanjeng Nabi Khidir, ingkang dihin sira anon cahya,
gumawang tan wruh arane, panca maya puniku, sejatine teyas sayekti,
pangarepe sarira, Pancasonya iku, ingaranan muka sipat, ingkang
nuntun maring sifat kang linuwih, yeku asline sipat.
10. Maka tinuta aja lumaris, awatana rupa aja samar, kuwasane tyas
empane, ngingaling tyas puniku anengeri maring sejati, eca tyas Syeh
Melaya, duk miyarsa wuwus, lagiya medhep tyas sumringah, dene
ingkang kuning abang ireng putih, yeku durga manik tyas.
11. Pan isining jagad amepeki, iya iku kang telung prakara, pamurunge
laku kabeh, kang bisa pisah iku yekti bisa amoring ghaib, iku mungsuhe
tapa, ati kang tetelu, ireng abang kuning samya, angadhangi cipta karsa
kang lestari, pamore Sukma Mulya.
12. Lamun ora kawileting katri, sida nama sirnane sarira, lestari ing
panunggale, poma den awas emut, dergama kang munggeng ing ngati,
pangawasane weruha, wiji wijenipun, kang ireng luwih prakosa,
panggawene serengen sebarang runtik, dursila angambra-ambra.
13. Iya iku ati kang ngedhangi, ambuntoni marang kabecikan, kang ireng
iku karyane, dene kang abang iku, iya tudhuh nepsu tan becik, sakabehe
pepinginan, metu saking iku, panas baran papinginan, ambuntoni maring
ati ingkang ening, maring ing kawekasan.
14. Dene iya ingkang rupa kuning, kuwasane neng gulang sebarang,
cipta kang becik dadine, panggawe amrih hayu, ati kuning ingkang
ngadhangi, mung panggawe pan rusak, linantur jinurung, mung kang
putih iku nyata, ati enteng mung suci tan ika iki, prawira ing karaharjan.
15. Amung iku kang bisa nampani, mring syahide sejatine rupa, nampani
nugrahan nggone, ingkang bisa tumanduk, kang lestari pamore kapti, iku
mungsuhe tiga, tur sereng gung ngagung, balane ingkang tetiga, iku
putih tanpa rewang mung sawiji, mila ngagung kasoran.
16. Lamun bisa iya nyembadani, mring sasuker kang telung prekara, sida
ing kana pamore, tanpa tuduhan iku, ing pamore kawula Gusti, Syeh
Melaya miharsa, sengkut pamrihipun, sangsaya birahi nira, iya maring
kawuwusing ingahurip, sampurnaning panunggal.
17. Sirna patang prakara na malih, urip siji wewolu warnanya, Syeh
Melaya lon ature, punapa wastanipun, urip siji wewolu warni, pundi
ingkang sanyata, urup kang satuhu, wonten kadi retna muncar, wonten
kadi maya-maya ngebati, wonten abra markata.
18. Marbudengrat Nabi Khidir angling, iya iku sejatine tunggal, sarira
marta tegese, iya aneng sireku, tuwin iya isining bumi, ginambar angga
nira, lawan jagad agung, jagad cilik tan prabeda, purwane ngalor kulon
kidul puniki, wetan ing luhur ngandhap.
19. Miwah ireng abang kuning putih, iya iku panguripaning bawana,
jagad cilik jagad gedhe, pan padha isenipun, tinimbang keneng sira iki,
yen ilang warna ingkang, jagad kabeh suwung, sesukere datan ana,
kinumpulken marang rupa kang sawiji, tan kakung tan wanodya.
20. Kadi ta wangunana puniki, kang asawang peputeran danta, tak pyo
dulunen kiye, Syeh Melaya andulu, kang kadya peputeran gadhing,
cahya mancur gumilang, neneja ngenguwung, punapa inggih puniku,
rupaning dzat kang pinerih pun ulati kang sejatining rupa.
21. Nabi Khidir angandika aris, iku dudu ingkang sira sedya, kang
mumpuni ambeg kabeh, tan kena sira dulu, tanpa rupa datan pawarni, tan
gatra tan satmata, iya tanpa dunung, mung dumunung mring kang awas,
mung sasmita aneng jagad angebaki, dinumuk datan kena.
22. Dene iku kang sira tingali, kang sawang peputeran denta ingkang,
gumilang gilang cahyane, angkara kang murub, Sang Permana arane iki,
uripe kang sarira, permana puniku, tunggal ana ing sarira, nanging datan
melu suka lan prihatin, panggone aneng raga.
23. Datan melu suka lan prihatin, iya nora melu lara lapa, ye iku pisaha
anggone, raga kari ngalumpruk, yekti lungkrah badanireki, ya iku kang
kuwasa, nandhang rasanipun, inguripan dening sukma, iya iku sinusih
anandhang urip, ngaken rahasya ningrat.
24. Hya iku sinandhangken mring sireki, nanging kadya simbaring
kakywan, aneng hing raga enggone, uripe permaneku, inguripan sukma
linuwih, misesa ing sarira, permana puniku, yen mati melu palaswan, yen
lamun ilang sukmane slira urip nuli urip sukma kang ana.
25. Sirna iku iya kang pianggih, uriping sukma ingkang anyata, ingkang
liwatan umpamane, lir rasane tumuwuh, permana kang amir sadhani, tuhu
tunggal pinangka, jinaten puniku, umatur Syeh Melaya, ingkang pundi
wernine ingkang sayekti, Nabi Khidir ngendika.
26. Nora kena yeku yen sira prih, ing kahanane semat-mata, gampang
angel pirantine, Syeh Melaya umatur, kula nyuwun pamejang malih,
inggih kedah uninga, babar pisanipun, pun patik ngaturaken pejah,
ambengana angen-angen ingkang pesthi, sampuna nuwas ngantiya.

Kapetik saka : www.alangalangkumitir.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar