Selasa, 02 Desember 2014

Kebumen


Kebumen
Dening : Turiyo Ragilputra
Mung kari tunggak lan balung-balung
kapanggang panas kasapu lesus
watu krakal mili mlebu jroning usus

Tanpa tabet winih guritan sing nate tak dhedher
nalika tangan iki isih nyekel laying piyandel
o, mitraku
kapan bakal daksasak alang-alang
kapan daktemu cangkir teko wadhahe wedang
awit kabeh wis kipa-kipa marang kidung segara
marang lembute laras budaya

Mung kari uwuh lan kawat-kawat rongsokan
plastik-plastik mawa racun jinereng ing sampiran
uga slliramu
katungkul lelangen ing banyunekali luk ula
milih brendhi wiski tinimbang legen gula jawa

Kebumen, bareng gogroge kembang-kembang randhu
gogrog uga pangarep-arep ing pange kalbu



Kapetik saka : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar