Sabtu, 06 Desember 2014

PUPUH II SULUK LINGLUNG

PUPUH II
ASMARADANA
 
1. Kapincut ingkang anulis, denira mirsa carita, duk kina iku wartane,
Jeng Suhunan Kalijaga, rikala mrih wekasan, anggeguru kang wus luhur,
anepi dhukuh ing Benang.

2. Puruhita wus alami, tan antuk faedah kang nyata, mung nglakoni papa
wae, pan agung kinen atapa, dateng Jeng Sunan Benang, kinen tengga
gurda sampun, tan kenginganke kesaha.

3. Wonten satengah wanadri, gennya ingkang gurda-gurda, pan sawarsa
ing lamine, anulya kinen ngaluwat, pinendhem mandyeng wana, setahun
nulya dinudhuk, dateng Jeng Sunan Benang.

4. Anulya kinen angalih, pitekur ing kali jaga, malih karan jejuluke,
sawarsa tan kena nendra, utawi yen dahara, tinilar mring Mekah sampun,
dhumateng Sinuhun Benang. 

5. Nyata wus jangkep sawarsi, Syeh Malaya tinilikan, pinanggih pitekur
bae, Jeng Sunan Benang ngandika, Eh Jebeng luwarana, jenenge wali
sireku, panutup panatagama.
6. Den becik gama nireki, agama pan tata krama, krama –kramate Hyang
Manon, yen sira panata syarak, sareh iman hidayat, hidayat iku Hyang
Agung, agung ing ngrahanira.

7. Kanugrahane Hyang Widhi, ambawani kasubdibyan, pangawasane pan
dene, kadigdayan kaprawiran, sakabeh rehing yuda, tan liya nugraha
luhur, utamane kahutaman.

8. Utama nireki bayi, dene kang sediya murba, kang amurba ing deweke,
Misesani aneng sarira, nanging tan darba purba, sira kang murba Hyang
Agung, den mantep ing panarima.

9. Syeh Malaya matur aris, kalangkung nuwun patik bra, kalingga murda
wiyose, nanging amba matur Tuan, anuwun babar pisan, ing jatine sukma
luhur, kang aran iman hidayat. 

10. Kang manteb narima Gusti, kang pundi ingkang nyatanya, kulanuwun
sameloke, yen ngemungna basa swara, amba anut kumandhang, yen
pralena anglir kukus, tanpa karya olah sarak.

11. Jeng Sunan lingira aris, Syeh Malaya bener sira, sing atapa panggih
ingong, ingkang aran panarima, kang eling maring karya, duk lagi
kamulanipun, apan nora kadya mega. 

12. Pan kadya hidayat wening sarupa iman hidayat, apa katon sabenere,
nanging iku wruhanira, datan kena dinuga, atawa yen sira bantu, kalawan
netra kepala.

13. Ulun iki lir sireki, kapingin uga weruha, mring hidayat sameloke,
nanging ingsun durung wikan, meloke kang hidayat, mung werta kang
sun pituhu, jer iku andikaning Hyang.

14. Umatur Jeng Sunan Kali, pukulun nuwun jinatenan, punapa wonten
wiyose, ingkang aran tanpa sifat, kang sifat tanpa aran, kawula nuwun
pituduh, angen-angen ingkang wekasan.

15. Sunan Benang ngandika ris, yen sira amrih wekasan, matenana ing
ragane, sinauwa pejah sira, mumpung ta meksih gesang, anyepiya mring
wanagung, aja nganti kamanungsan.

16. Wus telas dennya pawarti, jeng Sunan Benang wus jengkar, saking
ing kalijagane, ngalor ngetan ing lampahnya, antawis sahonjotan, Syeh
Malaya atut pungkur, lumebeng ing wana wasa.

17. Pan angidang lampah neki, awor lan kidang manjangan, atenapi yen
asare, pan aturu tumut nangsang, kadi turuning kidang, yen asaba mapan
tumut, lir kadya sutaning kidang.

18. Yen ana jalma udani, kang kidang lumayu gebras, Jeng Sunan ameli
gebras, pan lumayu berangkangan, kadi playuning kidang, wayang-
wuyung datan kantun, anut ing solahe kidang.

19. Nyata wus jangkep sawarsi, Syeh Malaya dennya ngidang, malah
langkung ing janjine, nyata Jeng Sinuhun Benang, arsa shalat mring
Mekah, sekedhep netra pan sampun, bakdane shalat glis prapta.

20. Jeng Sunan kendel wanadri, mulat mring kidang lumajar, dene sutane
ngiyar-ngiyor, Sunan Benang emut ing tyas, yen wonten Wali ngidang,
Syeh malaya wastanipun, aglis sira pinaranan.

21. Syeh Melaya apan gendring, pelayune nunjang palang, datan etung
jurang pereng, binujung nora kecandhak, jinaring lan den kala, yen kena
kala marucut, yen nunjang jaring pan liwat.  

22. Bramantya Sang Maha Yekti, sasumbar sajroning nala, Wali waddat
mbuh gawene, mejanani sira kidang, nguni sun nyekel barat, kang luwih
lembut tan mrucut, kang agal teka agagal.

23. Yen luputa pisan iki, luhung aja dadi jalma, tan patut mung dadi sato,
kurda muntap Sunan Benang, pan sarwi nyipta sega, tigang kepel mapan
sampun, mundur kinarya bebalang.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar