Joko
Jago kluruk nandhakake yen wayahe
sampun fajar. Joko sing lagi ngimpi apik langsung wae tangi saka paturon. Dheweke
langsung nyang sumur kanggo wudhu. Nalika ing dhapur Joko weruh ibune wis
nggorengi tempe, gedhang lan tahu kanggo didol mengko esuk. Sak rampunge
sholat, Joko langsung ngewangi ibune madahi gorengan ana ing tampah. Sak liyane
kuwi Joko langsung nyapu jogan lan isah-isah piring. Pancen sakbanjure
ditinggal bapake, panguripan keluwargane Joko iki rada abot amarga ora ana sing
nggolet dhuwit. Nanging dhasare Joko bocah manut, dheweke ora tau protes marang
ibune. Dheweke iki nrimakake yen uripe sarwa kekurangan. Kadangkala uga Joko
diundhang guru sekolahe, amarga ora nglunasi iyuran pembangunan.
“Joko, kae adhi-adhimu gugahen,
dikon adus! Wis awan iki”, panjaluke ibune marang Joko, sing dadi pambarep
anak-anake.
“Nggih bu”, wangsulane Joko sinambi
mlebu kamare adhine.
“Dhik tangi! Tangi! Wis awan iki”,
panggugahe Joko marang adhine.
Adhine
mung ngulet digugah Joko. Sidane Joko jupuk banyu kanggo ngraupi adhine kuwi. Sawise
dirupi, adhi-adhine padha melek. “Walah, mas Joko iki lho saru, aku esih
ngantuk mas”, panggrutune Wulan, adhine persis.
“Lha wis awan iki dhik. Sekolah apa
ora kowe?” pitakone Joko.
“Ya sekolah tho”,wangsulane Wulan
karo mlaku nyang kamar mandi.
Adhine
sing siji wis menyat, saiki Joko kari nggugah adhine sing cilik dhewe. Jenenge
Sekar, dheweke esih sekolah kelas TK.
“Hayo… iki kari sing siji. Adhik
gendhut, ndang tangi ngko mundak ana memedi sing nggondhol kowe nek ora
tangi-tangi”, pangglewehe Joko marang Sekar.
Krungu
kaya mangkono Sekar langsung melek karo ngrangkul kangmase. “Hah!!! Endi mas?
Endi ana medi?” pitakone Sekar ngrasa wedi. Pancen adhine Joko sing cilik dhewe
iki kecing banget. Apa maneh nek diwedeni karo babagan sing ambune lelembut
kuwi. Sinambi nggered kangmase, Sekar ngomong “Ayo mas terke nyang kamar
mandi”. Joko sing ditanting mung mesem
lan nuruti karepe adhine.
***
Jam enem esuk Joko lan adhi-adhine
wis siyap mangkat sekolah. Ibune sing meh budhal adol gorengan nyangoni
anak-anake sik. “Iki le sangumu lan adhi-adhimu, tapi atusan receh ya”,
pangendikane ibu marang Joko.
“Ora apa-apa bu, receh ngene ki ya
padha wae dhuwit”, wangsulane Joko nampani dhuwite.
“Ya le, iku baginen karo
adhi-adhimu”, panjaluke Bu Dar sinambi mangkat adol gorengan.
Sawise disangoni, Joko lan
adhi-adine mangkat sekolah. Nanging sadurunge mangkat cah tetelu kuwi salaman
njaluk donga restu marang ibune sik. Amarga Sekar esih TK, mula dheweke
dianterke Joko.
***
“Gorengan… gorengan… gorengan”,
bengoke Bu Darmi nawakake gorengane.
“Kene bu, aku tuku”, swarane ibu-ibu
sing wis biyasa nukoni gorengan.
Ngerti diundang ngono, Bu Dar
langsung marani marang ibu-ibu kuwi mau. “Iya bu, sekedhap nggih”, jawabe bu
Dar. Sawise ana ing pangggonan, dheweke langsung ngedoli ibu-ibu sing mau.
“Tuku pira bu?”
“Tuku limangewu ya”, jawabane Bu
Minem.
“Aku tuku telungewu wae bu”,
panjaluke Bu Sum.
Ibu-ibu sing ana ing kono njaluk
didoli dhisik, kabeh-kabeh njaluk sing pertama. Kahanan kaya ngono kuwi
kadangkala gawe Bu Dar ngrasa bingung arep ngedoli sapa dhisik.
“Oh, nggih… nggih…” jawabane Bu Dar
ngrasa kuwalahan.
Sinambi ngedoli,
ibu-ibu ing kono pancen padha ngakoni yen gorengane dheweke iku mak nyusss!!!
Uenak tenan!
“Bu Dar, sampeyan iki merguru marang
sapa tho? Kok isa gorengane enak ngene iki”, pitakone bu Sum.
“Ora merguru, aku diwarahi simbah
buyutku biyen bu”, wangsulane karo mesem.
“Oh, ngono tho? Wong jaman biyen
pancen yen gawe resep iki pinter tenan kok”, pangaleme ibu-ibu sing ana ing
kono.
“Pancen kaya mangkono kuwi bu, wong
jaman biyen iki pinter gawe resep sing enak. Apa meneh biyen kan durung ana
barang-barangg instan kaya saiki dadine pinter nggawe bumbon-bumbon kaya kuwi”,
wangsulane Bu Dar karo ngawehke gorengan sing wis dibungkus.
“Iya, pancen bener kuwi. Ya wis bu,
matur nuwun, kae anaku selak ngenteni, aku
langsung bali wae” panjaluke Bu Minem.
Sawise padha keduman gorengan kabeh,
ibu-ibu padha bali nyang omahe dhewe-dhewe. Bu Dar ngrasa seneng amarga nembe
setengah puteran gorengane wis entek. Deweke langsung bali nyang omah. Anggone
mlaku dheweke mbanterake jangkahe supaya ndang gutul omah lan isa njemput
Sekar.
***
Tekan omah Bu Dar langsung mberesi
klambi-klambi. Sing padha katon semrawut langsung digawa nyang kamar mandi
kanggo dikumbahi. Dumadakan Sekar katon megap-megap banget lan katon kamigilan.
Bu Dar kaget, amarga durung wayahe anake bali, kok wis bali.
“Kowe
kenangapa nduk?” pitakone ibune penasaran.
“Iku
lho bu, mau ana ing dalan ana guguk mburu-mburu kucing. Sekar wedi bu”,
wangsulane Sekar karo ngusrek marang ibune.
“Iya,
Iya, wis ora apa-apa. Guguke wis ora ana. Aja wedi ya, Sekar kan pinter”
wangsulane Bu Dar karo ngeneng-ngenengi anake sing cilik dhewe. “Iki Sekar kok
bali cepet?”
“Iku
bu, wau bu guru ngendika jare arep rapat wonten kecamatan. Mula bali gasik bu.
Horeee!!” wangsulane Sekar mandan kelalen karo kedadeyan sing tembe wae
dialami.
Sinambi
ngrungokake critane anake kuwi, Bu Dar nyiyapake klambi kanggo ganti sekar.
Sawise diganteni Sekar nonton TV.
***
Kira-kira
jam siji Joko balik sekolah. Dheweke katon kesel banget amarga nyepedhah saka
sekolahan nyang omah sing jarake watara 5 km. Sawise ganti klambi dheweke
sholat dhuhur lan mangan awan. Sarampunge mangan dheweke nemoni ibune. Arep ngandharake
pesene bu guru mau nalika ing sekolahan. Dheweke ngrasa melas marang ibune, amarga
dheweke wis ngerti kahanane keluwargane. Kanti rasa ewuh dheweke cumanthoko ngomong
marang ibune sing lagi ana ing ruwang tamu.
“Bu,
badhe matur”, omongane Joko lirih.
“Piye
le? Arep ngomong apa?” jawabane bu Dar penasaran.
“Iki
bu, wau siyang teng sekolahan kula ditimbali bu guru. Kula ditakoni kapan badhe
bayar arta pembangunan”, panjelasane Joko katon maras.
“Iya
le, ibu uga mikirake kuwi. Nanging piye maneh, ibu saiki durung duwe dhuwit. Ya
coba sesuk ibu nyilehke dhuwit marang pak lik mu ya. Bayar terakhir kapan le?”
Ibu mangsuli karo njanjeni bakal nggolekake dhuwit kanggo Joko.
“Sesuk
dinten setu bu” jawabane Joko.
“Ya
wis, saiki kowe istirahat kana. Kowe katon kesel banget,” panjaluke ibu Dar
marang Joko.
Joko manut karo pangendikane ibune.
Sanajan ibune wis njanjeni kaya kuwi, Joko tetep durung lega. Dheweke mapan
turu karo ati sedhih. Sadurunge turu dheweke mbayangna yen dheweke iki wis
sukses mbesuk. Bakalan mulyakake ibune, nyekolahke adhi-adhine tanpa ngalami
prekara ing masalah ekonomi. Pokoke mbesuk dheweke kudu dadi wong sing migunani
lan kudu nggawe uripe wong tuwane mulya, ora rekasa kaya saiki. Nanging dheweke
saiki amung bisa mbayangake thok. Sinambi merem ra krasa dheweke neteske eluh
ing dhuwur bantal. (Cuthel)